Pandawa (Miturut Mahabharata) – Bag.1

 
Rahayu , mugi kinalesna ing rubeda.
 

* LAIRE PANDAWA.

Pandawa saka tembung lingga Pandu lan “hawa” , tegese putra turune Pandu , cacahe ana lima.
Pembarepe Yudhistira (Puntadewa) ingkang jumeneng ratu ing Amarta.
Panenggake Bima (Wrekodara , Bratasena) , panengahe Arjuna (Permadi , Dananjaya).
Warujune sikembar Nakula lan Sadewa kang uga sinebut Pinten lan Tangsen.
Yudhistira , Bima lan Arjuna miyos saka garwa prameswarine Prabu Pandu ingkang asmane Dewi Kunti ,
wondene Nakula lan Sadewa miyos saka Dewi Madrim , uga garwa prameswari.

Salugune Pandawa kuwi dudu putrane Prabu Pandu , nanging putrane dewa.
Caritane , sawijining dina Prabu Pandu didherekake prameswari sakloron ,
pepara ing sajroning alas ngiras mbebedhag kidang menjangan.

Nalika mirsane ana menjangan sepasang kang lagi pepasihan ,
Prabu Pandu ora saranta penggalihe , menjangan kuwi banjur dijemparing.
Menjangan lanang sanalika ambruk ing bantala lan sesambat kelara-lara kaya dene manungsa.
Sejatine menjangan kuwi Resi Kimindama (Kindama) kang lagi mancala warna.

Resi Kimindama nibakake supata (sumpah) marang Prabu Pandu ,
yen Prabu Pandu bakal seda menawa nganti kumpul (saresmi) karo garwane ,
sabab saka tumindak lupute Prabu Pandu njemparing sang resi.

Sapatine sang Resi Kimindama ,
amarga banget karentanan penggalihe mirsani kahanan kang kudu dilakoni ,
Prabu Pandu banjur tindak mertapa menyang pagunungan Satasrengga.
Dewi Kunti lan Dewi Madrim uga nderek , senajan wis diaturi supaya bali menyang keraton.

Ing sawijining dina , Prabu Pandu ngendika marang para garwa ,
menawa banget kepengine atine bisa duwe momongan ,
nanging amarga supata kang ditibakake Resi Kimindama , tangeh lamun bisa kaleksanan.

Dewi Kunti eling ,
yen nalika isih kenya nate diparingi nugraha aji Adityaredaya dening Begawan Druwasa.
Dayane aji Adityaredaya , yen diwatek kanthi mangesthi sawijining dewa ,
dewa kuwi bakal rawuh lan ngleksanani apa kang dadi panyuwune Dewi Kunti.
Dewi Kunti atur pamrayoga marang Prabu Pandu , banjur disarujuki.

Nalika Dewi Kunti durung winengku dening Prabu Pandu ,
amarga matek aji Adityaredaya ing wayah raina ,
Dewi Kunti karawuhan Bathara Surya lan diparingi nugraha putra.
Putra kuwi linairake lewat talingan (kuping) ,
pramila sinebut Karna , lan banjur dibuwang ing kali.
Jabang bayi kuwi wasanane ditemu dening kusir Adirata lan dirumat , dijenengake Wasusena.

Dadi salugune , Yudhistira kuwi putrane Bathara Dharma , dewane kabecikan jejeking adil.
Bima putrane Bathara Bayu , dewa kang nguwasani lakune angin.
Arjuna putrane Bathara Indra , dewa kang ngratoni jagade para dewa.
Nakula lan Sadewa putrane Bathara Aswan lan Bathara Aswin ,
dewa kembar kang wasis ing babagan usada (pengobatan).

Bisane Dewi Madrim apeputra amarga diwejang aji Adityaredaya dening Dewi Kunti ,
sabab Dewi Madrim uga kepengin duwe putra.

Prabu Pandu seda nalika para putra Pandawa isih cilik ,
Dewi Madrim kang rumangsa ora bisa pisah marang sang prabu , bela pati suduk salira.
Para Pandawa lan Dewi Kunti banjur boyongan menyang kadhaton Hastina.

———————————————————————————————————————-

* SARASILAHE PANDAWA.

Prabu Santanu ratu Hastina patutan karo Dewi Satyawati apeputra Citranggada lan Wicitrawirya ,
nanging putra raja loro kuwi padha seda sadurunge apeputra.
Darah Bharata banjur disambung dening Maharesi Wiyasa (Begawan Abiyasa) ,
putrane Dewi Satyawati kang patutan karo Begawan Palasara (Begawan Parasara) ,
sadurunge Dewi Satyawati dipundhut garwa dening Prabu Santanu.

Warandhane Wicitrawirya , yaiku Dewi Ambika lan Ambalika ,
banget ajrih nalika mirsani kahanane Sang Maharesi Abiyasa.
Pakulitane ireng , remane gimbal awarna abang , jenggote dawa nggegilani , netrane sumorot.
Pramila nalika dikumpuli dening Maharesi Abiyasa , Dewi Ambika tansah merem wae.
Bab kuwi sing njalari putra kang lair nandhang cacad wuta , yaiku Drestarastra.

Dewi Ambalika nalika diprepeki dening Maharesi Abiyasa pasuryane pucet lan tansah tumoleh ,
amarga saking ajrihe ngawuningi wujud lan kahanane Sang Maharesi.
Putra kang lair saka Dewi Ambalika uga pucet lan gulune tengeng , asmane Pandu.

Rumangsa putra sakloron ora sampurna ,
Dewi Satyawati dhawuh marang Dewi Ambika ,
supaya pepanggihan maneh karo Maharesi Abiyasa.
Nanging Dewi Ambika dhawuh marang parekane kang ayu rupane ,
supaya nampani rawuhe Maharesi Abiyasa.
Bareng Maharesi Abiyasa rawuh ,
parekan enggal-enggal metukake , nyungkemi padane ,
banjur tumungkul amarikelu ana ing ngarsane sang Maharesi.
Mriksani tata trapsilane parekan , Maharesi Abiyasa banget karenan ing panggalih ,
mula parekan kang aran Datri kuwi dikarsakake dening sang Maharesi.
Nanging amarga nalika tetemon parekan kuwi sikile tansah geyal-geyol ,
putra kang lair sikile kencet (pincang) , nanging apambekan utama , asmane Widura.

Amarga Drestarastra nandhang wuta ,
mula Pandu kang jumeneng nata ing Hastina.
Sasedane Prabu Pandu , amarga Yudhistira isih cilik ,
Prabu Drestarastra kakange Prabu Pandu kang minangka ratu Hastina.
Wondene Resi Bhisma (Dewabrata) ,
putrane Prabu Santanu patutan karo Dewi Gangga ,
kang nglampahi Brahmanacari , wadat (ora palakrama) salawase ,
minangka parampara (penasehat) , semono uga Widura (Yamawidura).

Drestarastra patutan karo Dewi Gandhari (Anggendari) peputra satus cacahe ,
pembarepe Duryodana (Jakapitana) kang laire mawa jerit-jerit lan nyuwara sora.
Putrane Prabu Drestarastra kang cacahe satus sinebut Sata Korawa , tegese Kurawa Satus.
Sanajan sabenere cacahe satus siji , kakung satus lan putri siji ,
aran Dewi Dursilawati , kang kagarwa dening Prabu Jayadrata , ratu ing nagara Sindu.
Ing jagad padhalangan sing asring kasebut saka Kurawa Satus yaiku Duryudana ,
Dursasana , Durmagati , Durmuka , Citraksa , Citraksi , Citrayuda , Kartamarma.

Sakuni kang uga sinebut Sengkuni (Suwalaputra , Harya Suman) ,
kadang wredhane Dewi Gandhari , kang minangka patih ing keraton Hastina.
Wondene kang dadi gurune para Pandawa lan Kurawa yaiku Pandhita Drona (Dahyang Durna) , putrane Resi Bharadwaja saka Atasangin.
Para Pandawa lan Kurawa uga ginulawentah dening Resi Krepa ,
putrane resi Saraswata , wayahe Resi linuwih apeparab Resi Gotama.
Dewi Krepi kadang sepuhe Resi Krepa , kagarwa dening Pandhita Drona.

Sanajan ing jagad Padhalangan
Pandhita Drona dianggep dudu paraga minulya lan utama ,
nanging sejatine Pandhita Drona dudu lumrahe pandhita , kang namung wasis ing babagan Wedha.
Pandhita Drona mumpuni ing babagan kawruh lair bathin ,
wasis marang ulah gelaring baris ,
lebda nandukake sawarnaning sanjata ,
mula prasasat dadi gurune para rajaputra.

———————————————————————————————————————-

* BALE SIGALA-GALA , ARIMBI LAN DEWI DROPADI.

Sawise ngancik diwasa , awit saka bangeting taberi lan seneng marsudi ,
Pandawa saya lawas saya pinunjul ing babagan apa wae tinimbang para Kurawa.
Amarga penggalih meri lan sumelang ,
Duryudana jinunjung dadi Prabu Anom dening Prabu Drestarastra.

Kocap , Prabu Anom Duryudana dhawuh marang Purucana ,
kinon nggawe pasanggrahan sacedhake gudhang sendawa (mesiu) ing Waranawata.
Pamrihe , kanggo pasanggrahane Pandawa nalika watara pendhak dina maneh ,
mirsani Pahargyan Sesaji Bathara Pasupati ing Waranawata.
Yen Pandawa wis masanggrah ana ing kono , bakal diobong ing wayah bengi.

Nanging Widura kang wis ora samar marang sedya alane Prabu Anom Duryudana , utusan abdi juru melik aran Kanana ,
kinon dhudhuk trowongan kanggo dalan yen pasanggrahan diobong.
Bengine pasanggrahan iku diobong dhewe dening Bima ,
banjur nggandheng Dewi Kunti manjing trowongan ,
didherekake Yudhistira , Arjuna , Nakula , Sadewa.

Abdine Widura wis ngenteni ing pungkasane trowongan karo nyamektaake prau.
Bareng Sang Dewi Kunti karo putra-putrane metu saka trowongan ,
banjur didherekake menyang Bengawan Gangga , disabrangake nitih prau.

Sawise tekan ing sabrang , sarehne ngerti yen ibu lan sadhulure pada sayah lungkrah ,
dening Bima , Dewi Kunthi tumuli dipundhak , Yudhistira lan Arjuna diindhit ,
wondene Nakula lan Sadewa nggandhul ing pundhak kiwa tengen , nlasak wana mlebu alas gung.

Yen ana ing jagad Padhalangan
carita ing dhuwur tinemu ing lakon “Bale Sigala-gala” ,
lan sing aweh pitulungan garangan (sejenis musang) putih ,
panjalmane Hyang Anantaboga (Antaboga),
dewane naga ing Saptapratala (Bumi sap ke tujuh).
banjur Bima didhaupake karo Dewi Nagagini putrine Hyang Anantaboga
lan peputra arane Antareja utawa Antasena.

Ing tengah alas Dewi Kunti lan para kadange padha diudhunake ing sangisore wit wringin ,
amarga Bima arep ngupaya banyu kanggo unjukane sang ibu ,
kang wis sadina sawengi ora dhahar , ora ngunjuk lan ora sare.
Dewi Kunti lan putrane papat pada turu kepati awit saking sayahe.
Sawise Bima entuk banyu dumadakan ana raseksa kang aran Arimba (Hidhimba)
kang arep memangsa Dewi Kunti , raseksa kuwi diprajaya dening Bima.
Sedulure Hidimba , raseksi Arimbi (Hidhimbi) sanajan weruh yen sedulure diprajaya dening Bima ,
nanging mriksani wewijanganing salirane Bima kang sarwa sembada , tuwuh rasa asih tresna.
Weruh ana raseksi Arimbi , Bima arsa mrajaya ,
nanging Arimbi age-age nyedaki Dewi Kunti sing wis wungu ,
nyembah kanthi banget susila lan matur ngrerepa.

Tuwuh rasa welas asih Dewi Kunti marang Arimbi ,
banjur dhawuh supaya Bima mundhut Arimbi dadi garwa.
Putrane Bima lan Arimbi aran Gatotkaca (Gathotkaca) ,
kang sekti mandraguna , bisa mabur napak jumantara.

Para Pandawa lan Dewi Kunti banjur nerusake laku tekan laladan negara Pancala.
Ing kono para Pandawa namur salira dadi brahmana lan ngleboni sayembara nagara Pancala ,
yaiku menthang langkap pusaka Pancala lan njemparing ngenani lesan ing sadhuwure panggung.
Amarga Arjuna bisa ngrampungi sayembara kuwi ,
Yudhistira banjur kapundhut mantu dening Prabu Drupada ,
didhaupake karo putrine kang aran Dewi Dropadi (Dewi Yatnyaseni) ,
apeputra kakung arane Pancawala.
Atmajane Prabu Drupada sing pembarep aran Drestajumna (Dresthadyumna).
Wuragile aran Dewi Srikandhi (Sikandhin) kagarwa dening Arjuna.
Dewi Srikandhi kuwi panjalmane Dewi Amba ,
kang tembe ing Bharatayuda dadi jalaran patine senapati agung Resi Bhisma.

Drestajumna lan Dewi Dropadi ora lair saka guwagarbaning ibu ,
nanging muncul saka kundha (anglo sesaji) kang ditindakake dening Resi Yaja lan Upayaja ,
amarga Prabu Drupada kepengin duwe putra kang bisa ngasorake Pandhita Drona.
Sabab Prabu Drupada diwewirang dening sang Pandhita , laladan nagarane dijupuk separo.

Salugune , miturut layang MahaBharata , Dewi Dropadi kagarwa dening Pandawa lima pisan !
Sabab nalika Pandawa lan Dewi Dropadi mulih , tekan ing ngarep omah ,
durung mangerteni apa kang arep dipasrahake dening para putra , yaiku Dewi Dropadi ,
saka jero senthong Dewi Kunti wis ngendika :
“Apa kang nedya sira pasrahake marang ingsun , edumen lima marang kadangira kabeh.”
Mula , sanajan luput ing pangucap , supaya ora nandhang dosa ,
Dewi Dropadi kang uga sinebut Dewi Kresna digarwa Pandawa lima pisan.

Nanging yen miturut tatanan adat wetan , tanah Jawa ,
ora pantes yen wong wadon duwe rabi luwih saka siji ,
mula ing jagad Padhalangan , Dewi Dropadi mung didhapuk dadi garwane Puntadewa (Yudhistira) ,
peputra Pancawala (Panca = lima , wala = anak , bocah).

Sawise sawatara suwe ana ing kraton Pancala ,
Dewi Kunti , Pandawa lan Dewi Dropadi banjur bali menyang Hastina ,
dipethuk dening sang Widura , amarga para sesepuh ing Hastina wis ngerti ,
yen sejatine Pandawa ora kabesmi nalika ing pasanggrahan.

Dening Prabu Drestarastra ,
Pandawa diparingi alas Kandawaprastha , kinon adedunung ana ing kono.
Alas Kandawaprastha kuwi kang pamburine cinithak dening Pandawa dadi nagara Indraprastha.
Ing jagad Padhalangan sinebut Amarta (Pakecapane : Ngamarta) uga Cintakapura.

BERSAMBUNG.

=================================================

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: