Pandawa (Miturut Mahabharata) – Bag.2

 
* ARJUNA NGGARWA DEWI ULUPI LAN DEWI SUMBADRA.

Ing sawijining dina , ana durjana nyolong sapine brahmana.
Sang brahmana banjur minta sraya marang Arjuna.
Nanging bisane Arjuna njupuk gegamane kudu ngliwati taman ,
sing nalika semana ana Yudhistira lan Dewi Dropadi kang lagi lelenggahan.
Amarga ngleksanani Dharmaning Satriya asung pitulung marang liyan lan ngayomi kawula ,
Arjuna nglakoni paukuman sajeroning rolas taun urip ana ing alas.

Ing sajeroning nglakoni urip ana ing alas ,
Arjuna nggarwa Dewi Ulupi saka Nagaloka (Dhasaring Pratala) ,
atmajane Naga Korawya , darah turune Naga Erawata , apeputra Bambang Irawan.
Ana sing ngarani yen Dewi Ulupi kuwi atmajane Resi Kanwa , pandhita ing gunung Yasarata.

Arjuna banjur nerusake olehe lelana brata menyang Prabasa , panggonan suci sacedhake Gokarna.
Prabu Kresna bareng oleh warta bab Arjuna , Prabu Kresna banjur tindhak menyang Prabasa.
Sawise ketemu , Arjuna lan Prabu Kresna tindak menyang ardi Rewataka ,
sawatara suwene ana ing pasanggrahan Rewataka.

Saka Rewataka , Arjuna ndherekake Prabu Kresna menyang Dwarawati.
Ing Dwaraka Arjuna nggarwa Dewi Sumbrada (Dewi Rara Ireng , Dewi Bratajaya) ,
apeputra Abimanyu kang uga apeparab Angkawijaya.

Prabu Basukunthi (Kunthiboja) ing Mandura apeputra lima , yaiku :
1. Dewi Sruta.
2. Basudewa , jumeneng Ratu ing Mandura gumanti keprabone ingkang rama.
    Apeputra Kakrasana (Baladewa) , Narayana (Kresna , Harimurti) ,
    Kangsa lan Dewi Sumbadra (Dewi Rara Ireng)
3. Aryaprabu.
4. Ugrasena.
5. Dewi Kunti.

Kakrasana jumeneng Ratu ing Mandura gumanti keprabone ingkang rama ajejuluk Prabu Baladewa.

Narayana jumeneng ratu ing Dwarawati (Dwaraka) ,
ajejuluk Sri Prabu Bathara Kresna , garwane 4 , yaiku :
1. Dewi Pretiwi ,
    apeputra Suteja kang pamburine jumeneng ratu ing Trajutrisna ,
    ajejuluk Prabu Bomanarakasura.
2. Dewi Jembawati , apeputra Samba lan Gunadewa.
3. Dewi Setyaboma , apeputra Siti Sundari lan Titisari.
4. Dewi Rukmini , apeputra Partajumena.

———————————————————————————————————————-

* PANDAWA DADU.

Weruh kaendahane kadhaton Indraprastha (Amarta) ,
akehing pisungsunge para narendra kang padha rawuh ,
nalika Prabu Yudhistira nganakake sesaji Rajasuya ,
agawe panas ati lan banget merine Prabu Duryudana.

Sawise kondur menyang Hastina lan rerembugan marang Patih Sangkuni (Sakuni) ,
Prabu Duryudana nyarujugi ature Patih Sangkuni ,
bakal nantang Prabu yudhistira sesukan dhadhu.
Sanajan akeh ature Prabu Drestarastra ngelingake marang putrane ,
nanging amarga keladuk ngemane marang ingkang putra tanpa mikir dawa ,
pungkasane Prabu Drestarastra nayogyani kekarepane Prabu Duryudana.

Sang Widura kang wicaksana babar pisan ora nayogyani marang karsane Prabu Drestarastra ,
ewadene meksa ngleksanani dhawuh parentah.

Sajeroning totohan main dhadhu , Prabu Yudhistira tansah kalah ,
jalaran Prabu Duryudana sing diwakili dening Patih Sangkuni pamaine kanthi laku cidra.
Emas , mutyara , turangga , kreta kencana , sakabehe rajabrana ,
negara Indraprastha sakadhaton lan isine , wis dadi darbeke Prabu Duryudana.
Banjur Prabu Yudhistira ngetohake para rajaputra , Sadewa , Nakula , Arjuna , Bima ,
pribadine dhewe (Prabu Yudhistira dhewe) , lan Prameswari Dewi Dropadi.

Ing kono Dewi Dropadi banjur diwewirang dening Dursasana ,
disaut ukele (gelunge) nganti wudhar , banjur dijambak remane ,
dilarak-larak menyang papan kasukan dhadhu , arep diwudari nyampinge.
Sanajan Dewi Dropadi jelih-jelih , sesambat ngaruhara , ora ana kang mitulungi.

Dewi Dropadi supata ora bakal gelungan yen durung kramas getihe Dursasana.
Amarga Prabu Duryudana nyincing nyamping nganti kapriksan pupu kiwane dening Dewi Dropadi ,
Bima pratignya , ing tembe sajerone Bharatayudha bakal ngremuk pupune kiwa Duryudana ,
lan bakal mbedhah dhadhane Dursasana uga ngokop getihe.

Nanging dewaning adil , Bathara Dharma rawuh kanthi lelimunan ,
lan nyasapi nyampinge (tapihe) Dewi Dropadi , nganti makaping-kaping.

Prabu Drestarastra banjur tinarbuka atine lan ngluwari Pandawa saka dadi batur tukon ,
lan maringake bali kabeh sing wis ditohake menyang Prabu Yudhistira.

Liya dina , Prabu Yudhistira ditantang kasukan main dhadhu maneh.
Amarga netepi dharmaning satrya , Prabu Yudhistira narima tantangan kuwi.
Prabu Yudhistira kalah.
Mula Pandawa kudu dadi wong buwangan urip sajeroning alas rolas taun lawase ,
lan kudu sesingidan setaun suwene.
Yen sajerone masa sesingidan nganti kaweruhan dening Kurawa ,
para Pandawa kudu nglakoni dadi wong buwangan maneh rolas taun.
Awit dina kuwi , Pandawa didherekake Dewi Dropadi manjing menyang alas Kamyaka.

———————————————————————————————————————-

* PANDAWA SAMASA ING BUWANGAN.

Sanajan ora diaturi priksa ,
suwe-suwe Prabu Kresna miyarsa pawarta yen Pandawa kalah main dhadhu.
Banjur kudu ngalami urip dadi wong buwangan ing madyaning alas.
Awit saka iku Prabu Kresna tindak tetinjo menyang als Kamyaka , diherekake para raja putra.
Dewi Sembadra uga ndherek karo ngemban Abimanyu.

Drestajumna uga tetinjo Pandawa ing alas Kamyaka , didherekake Panca Kumara (Pancawala).

Pandawa adhedepok ana ing alas Kamyaka nganti sawatara taun lawase ,
banjur pindhah menyang sacedhake tlaga Dwetawana.
Ing padepokane Dwetawana , Pandawa karawuhan Maharesi Kresnadwipayana (Begawan Abiyasa).
Begawan Abiyasa paring dhawuh supaya Pandawa bali adhedepok ing alas Kamyaka ,
lan supaya Arjuna mratapa nyuwun gegaman kaswargan.

Arjuna banjur mertapa ing wukir Indrakila ,
lan pinaringan jemparing Pasupati dening Bathara Siwah.
Kajaba karawuhan Bathara Siwah kang memba Kerata (pemburu) ,
Arjuna uga karawuhan Bathara Baruna , dewaning banyu saisine , kang maringi sanjata pasa (jerat).
Bathara Yama , dewa kang nguwasani naraka , uga maringi sanjata gada.

Arjuna uga pininta sraya dening dewa supaya nyirnakake raseksa raja , Prabu Niwatakawaca.
Arjuna antuk ganjaran nggarwa widadari pitu amarga bisa nyirnakake Niwatakawaca.

Ing Padhalangan nalika Arjuna mertapa ana ing lakon “Begawan Ciptoning (Begawan Mintaraga)”.
Kakawin Arjuna Wiwaha (Perkawinan Arjuna) anggitane empu Kanwa ing jamane Ratu Airlangga , Kediri ,
isine uga nyaritakake bab Arjuna mratapa lan pininta sraya dening dewa.

Bima ngupaya tunjung kaswargan , amarga nalika ana angin prahara gedhe ,
dumadakan ana kembang tunjung sing banget aneh tumiba ing ngarsane Dewi Dropadi.
Kembang tunjung kuwi amakutha sewu , warnane sumunar lan gandane arum ngambar-ambar ,
mung emane makuthane kembang tunjung kuwi wis rada alum.
Dewi Dropadi banjur nyuwun supaya Bima mundhutake sing isih seger.

Ing tengah alas , Bima ketemu Hanuman , kadang tunggal Bayu ,
lan banjur dituduhake dalan menyang tlaga Sugandika , tlaga kagungane Bathara Kuwera ,
dumunung ing ereng-erenging pagunungan Kelasa.
Wasana Bima bisa methiki kembang Sugandika lan agawe renaning penggalihe sang Dewi Dropadi.

Bima nalika mbebedhag dumadakan digubet naga sing gedhene saglugu (pohon kelapa).
Naga sing sejatine Prabu Nasuha kang lagi nandhang paukuman saka supatane Maharesi Agastya ,
wasana bisa diruwat bali menyang asale (musna) sabab Prabu Yudhistira sing ngupaya Bima ,
bisa mangsuli kabeh pandangune naga.

Ing sawijine dina Prabu Duryudana nedya ngerang-erang kesrakate Pandawa ,
nanging malah ditawan dening Gardarwaraja , wasanane diluwari dening Pandawa.
Gandarwaraja kuwi sejatine Bathara Citrasena kang ngemban timbalane Bathara Indra ,
supaya mikut Duryudana lan para Kurawa.

———————————————————————————————————————-

* PANDAWA NAMUR SALIRA.

Sawise rolas taun urip ana ing alas , saka dhawuhe Bathara Dharma ,
Pandawa kinon sesingidan namur salira ana ing praja Wiratha ,
ratune asma Prabu Matsyapati (Matswapati).
Prabu Matsyapati duwe atmaja loro , yaiku Uttara lan Dewi Uttari.

Prabu yudhistira ganti asma Kangka (Dwijakangka) ,
brahmana mlarat sing nate dadi paramparane Prabu Yudhistira ,
nedya nyuwun dadi paramparane Prabu Matsyapati.

Bima ganti asma Ballawa , ngaku yen biyen dadi juru madharane Prabu Yudhistira ,
lan uga duwe kaluwihan jago gelut , kulina diedu karo macan utawa buron alas liyane.
Ing jagad Padhalangan Bima ganti asma dadi Abilawa , ana ing lakon “Jagal Abilawa”.

Arjuna ganti asma Brehanala , ngaku wong wandu ,
ahli kagunan karawitan lan guru beksa mulang putri ing kadhaton Indraprastha.

Nakula ganti asma Grantika utawa Dharmagranti ,
ngaku ahli ngopeni jaran (gamel) lan lakune jaran (panegar).

Sadewa ganti asma dadi Tantripala , ngaku ahli ngrukti sapi.

Dewi Dropadi ganti asma Sairandri , ngaku ahli leladi prameswari ,
lan wis tau ngabdi marang Prabu Yudhistira.

Kabeh sanjata gegamane Pandawa didhelikake sarana dibongkok dadi siji ,
dibungkus kain putih diwangun kaya memedi ,
banjur dierut-erut kenceng ana karo pange wit gedhe , ing sacedhake kuburan sing wingit.

Pandawa lan Dewi Dropadi ditampa suwitane marang Prabu Matsyapati.
Amarga saka banget tumemene olehe nindakake kuwajiban ,
sarta tindak tanduk kang susila anor-raga ,
para Pandawa tansah ingalembana dening Prabu Matsyapati ,
Sairandri (Dewi Dropadi) banget diasihi dening sang Prameswari Dewi Sudesna.

Mahasenapati Wiratha , apeparab Kicaka (Kincaka) , kaprenah kadang enom karo Prameswari ,
gandrung wuyung marang Sairandri.
Amarga kasmarane Kicaka marang Sairandri saya lawas saya ngranuhi ,
tansah ngupaya reka bisa tetemon ing panggonan sing sepi ,
sawijining dina nalika kepregok , Sairandri ngaku yen wis diwengku dening gandarwa lima ,
pamrihe supaya Kicaka wedi. Nanging Kicaka ora preduli.
Karo Sairandri disemayani tetemon ing panti beksa (tari) ing tengah wengi.

Sairandri banjur matur marang Ballawa , lan ing panti beksa Kicaka diprajaya dening Ballawa.
Sairandri kena panyakrabawa dening kulawargane Kicaka lan arep ditundhung saka praja.
Nanging Sairandri matur yen telulas dina maneh ,
para gandarwa guru lakine (bojo) bakal methuk menyang keraton Wiratha ,
yen nganti Sairandri saiki lunga saka praja ,
ora wurung para gandarwa bakal ngobrak-abrik praja.

Prameswari rumangsa wedi ,
mulane banjur maringake Sairandri nerusake leladi telulas dina maneh.
Anane Sairandri duwe reka daya mangkono ,
sabab masa sesingidane Pandawa amung kurang telulas dina.

Amarga krungu pawarta menawa Kicaka , sang mahasenapati Wiratha mati diprajaya gandarwa ,
Prabu Duryudana duwe pangira yen sing mrajaya kuwi Bima sing memba gandarwa.
Awit saka kuwi Prabu Duryudana banjur ngirid wadyabala menyang Wiratha ,
sanajan sekawit Prabu Matsyapati kang pancen wis sepuh kena pikut dening Korawa ,
nanging saka pambiyantune Pandawa , Prabu Matsyapati bisa diluwari lan Korawa dikalahake.

Prabu Duryudana ngendika yen Pandawa kudu nglampahi paukuman rolas taun maneh ,
nanging Resi Bhisma mratelaake menawa pas dina kuwi wis rampung masa setaun Pandawa sesingidan.

Abimanyu banjur didhaupake karo Dewi Uttari.
Sawatara wektu Pandawa adedunung ing pasanggrahan Upaplaya.
 
BERSAMBUNG.

=================================================

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: