Kadya patra kumambang ing warih ,
rasa jroning driya ,
mengeti lelakon urip ,
aneng alam arcapada.
Prasetyaning asmara tetep sun eling ,
duk ing alam maya ,
mangsa manjing slira jalmi ,
tansah sareng tan pinisah.
Sigaraning jiwaningsun kang kinasih ,
dangu sun ngupaya ,
mrih bisa pepanggih malih ,
dhuh yayi paran kang papan.
Rurah lungkrah rasa jiwangga suneki ,
liring sang hyang arka ,
doh saka pletheke dhihin ,
wus cedhak marang surupnya.
Dhuh Gusti hamba nyuwun bisaa panggih ,
sanadyan sadhela ,
dadya usadaning brangti ,
sak pandurat sak pangucap.
Lamun peksa tak pinanggih rika yayi ,
sedya kang pungkasan ,
ing lawang kaswargan benjing ,
sun enteni praptanira.
S.O.T.R , Jun ’09
=================================================